Ya Alloh Gusti Kulo Nyuwun Saget Gesang Istiqomah, Lirik Sholawat Jawa Puji-pujian yang Bikin Terharu

- 24 Januari 2023, 19:45 WIB
Ya Alloh Gusti Kulo Nyuwun Saget Gesang Istiqomah, Lirik Sholawat Jawa Puji-pujian yang Bikin Terharu
Ya Alloh Gusti Kulo Nyuwun Saget Gesang Istiqomah, Lirik Sholawat Jawa Puji-pujian yang Bikin Terharu /Tangkapan layar Youtube Rijal Vertizone /

Baca Juga: Lengkap, Lirik Sholawat Joko Tingkir Wali Jowo, Iku Muride Sunan Kalijogo

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kangge maca qur'an lan dzikir nafsu syetan sageta nyingkir

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun saget khusyu' nalika sholat
Awal wektu ampun telatndunya akhirat mundak kuwalat

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun dadi anak kang ahli bekti
Bapak ibu ingkang ngrumati andidik mimpin kanti setiti

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun saget netepi wajibe pasa
Syarat rukun saget ngreksa dadi sebabe lebure dosa

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun badan sehat wal afiat
Amal sholeh saget giyat lan ngedohi laku maksiyat

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun enggal gampang haji lan umroh
Sangi thowaf lan mbalang jumroh dateng roudhoh saget ziaroh

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun ampun ngantos kekirangan
Mugia cukup sandang pangan kangge sangu perjuangan

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun slamet saking fitnah ancaman
Lahir batin sageta aman ngantos mbenjang akhir zaman

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun mugia para anak lan putu
Ngamal sholeh tulung bantu saget guyub rukun bersatu

Halaman:

Editor: Masruro

Sumber: Youtube Rijal Vertizone


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah