Download Contoh Teks Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa Menarik dan Mudah Dihafalkan

15 April 2024, 10:30 WIB
Ilustrasi - Download contoh teks ikrar halal bi halal bahasa jawa /lumn/pexels

KILAS KLATEN - Simak contoh teks ikrar halal bi halal bahasa jawa yang singkat dan mudah dihafalkan di artikel berikut ini.

Bagi masyarakat Indonesia, khususnya di Jawa, Idul Fitri tak lengkap tanpa tradisi Halal Bihalal atau Syawalan. Tradisi ini menjadi momen istimewa untuk mempererat tali persaudaraan dan saling memaafkan setelah sebulan penuh menjalankan ibadah Ramadhan.

Salah satu bagian penting dalam Halal Bihalal adalah pembacaan ikrar Halal Bihalal. Biasanya, ikrar ini diucapkan dalam bahasa daerah setempat, seperti bahasa Jawa.

Pembacaan ikrar Halal Bihalal memiliki beberapa tujuan dan manfaat, antara lain:

Memperjelas maksud dan tujuan Halal Bihalal: Ikrar ini membantu peserta memahami makna Halal Bihalal dan mendorong mereka untuk saling memaafkan dengan tulus.

Memperkuat rasa persaudaraan: Mengucapkan ikrar bersama-sama menumbuhkan rasa persatuan dan kesatuan di antara para peserta.

Meningkatkan kesadaran diri: Ikrar ini mengingatkan peserta untuk introspeksi diri dan berusaha menjadi pribadi yang lebih baik.

Baca Juga: Contoh Teks Ikrar Halal Bihalal Bahasa Indonesia Singkat dan Bermakna Format Doc

Download Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa

Bagi Anda yang mencari ikrar halal bi halal yang penuh makna, singkat dan mudah dihafalkan, berikut beberapa contoh yang dapat Anda gunakan. Anda juga dapat mendownload ikarar halal bi halal tersebut dalam format dokumen di akhir artikel ini.

Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa 1

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
 
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.
 
Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.
 
Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.
 
Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.
 
Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

 
Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.
Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.
 
Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.
 
Wabilahittaufiq wal hidayah
 
Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

 

Download Ikrar halal bi halal format doc disini: Link Download

Baca Juga: 5 Contoh Spanduk dan Banner Halal Bihalal Idul Fitri 1444 H yang Menarik dan Keren, Download Disini

Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa 2

Assalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh

Ingkang kulo bakteni poro pinisepuh soho sesepuh wonten ing dusun ....... mriki, ugi  ingkang kulo hormati bapak ketua RT. Ingkang kula hormati bapak ibu ugi sedaya wargo dusun ....... ingkang sampun kapareng rawuh wonten ing dalu kalenggahan.

Kaperang kulo matur minongko sulih atur saking poro kaneman utawi ingkang kapernah anem .

Ngaturaken Ikrar Halal Bihalal wonten dalu puniki:

  • Ingkang sepisan ngaturaken sugeng ariyadi 1445 H dumateng para pinisepuh, bapak, ibu sedoyo. Minal Aidzin Wal Faidzin.
  • Ingkang angka kalih. Ngaturaken sedoyo kalepatan kula lan rencang-rencang ingkang dipun sengaja menopo boten dipun sengaja. Lahir punopo Batin, anggen kula lan rencang-rencang sesrawungan.
  • Ingkang punika kula lan rencang-rencang tansah nyuwun pangapunten ingkang ageng dumateng bapak ibu sedayanipun.
  • Atur salajengipun kula lan rencang-rencangan kaneman tansah nyuwun donga pangestu, mugi-mugi punopo ingkang dados gegayuhan kula lan rencang-rencang saged kasembadan.
  • Mekaten lan sematen anggen saget kulo matur minangka sulih atur saking para kaneman wonten ing dusun mencon kulon. Katah lepat lan kekirangaanipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.

Download Ikrar halal bi halal format doc disini: Link Download

Baca Juga: Contoh Teks Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa Singkat Penuh Makna dan Mudah Dihafalkan

Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa 3

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba'du
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, mugi keparengo ing mriki kawulo derek'aken
sesarengan ngaturaken raos puji lan syukur dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Dene menapa kulo lan panjenengan sami saget makempal ing wekdal Syawalan ugi
Idul Fitri 1444 H meniko kanthi kanikmatan ingkang tanpa pepindan, sehat wal'afiat
mboten kirang setunggal menapa.

Mboten wonten atur syukur ingkang langkung sae kejawi kalimah syukur biqoulina,
Alhamdulillahirobbil'aalamiin.

Sholawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng Rosulullah Muhammad Shalallahu
‘ailaihi wa salam, mugi wiwit wekdal sakmenika ngantos mbenjang ing dinten yaumul
qiyamah kersa paring safaat dumateng kita sedaya, Aamiin yaa rabbal'aalamiin.

Bapak Ibu ingkang kawula hormati, nyuwun sewu lepat kawulo lancang kersa ing
tembung wonten ing ngarsa panjenengan sami, kapurih sesarengan ngaturaken ikrar
Syawalan utawi halal bihalal ing wekdal menika.

Ing mangke, kawula ingkang maca, dene panjenengan sedaya kawula suwun kersa
tutwuri ing pangucap kanthi sesarengan.

Mangga kita wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan, kawula derek'aken.
Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.
Nyuwun lodange penggalih kawulo bade matur, sepindah kagem para kadang sepuh,
mugi sungkem lan bekti kula saget dipun tampi ing ngarsa panjenengan.

Kaping kaleh kagem sederek anom lan sesami, kawula ngaturaken salam taklim
dumateng penjenengan sami.

Ing dinten riyadin Idul Fitri menika, keparenga kawula matur, taqabalallahu minna wa
minkum. Mugi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan dipun tampi Allah SWT.

Ing wigati, kawula ngaturaken sedaya kalepatan, lahir tumusing batin, kanthi ikhlas ing
manah, tuhu nyadong pangaksami mugi panjenengan sedaya paring pangapunten
dumateng kula.

Sak wangsulipun, mbok menawi panjenengan nggadahi kelepatan dateng kula, kanthi
ikhlas ing batin kula nyaosaken pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi Gusti Allah kersa paring ijabah saha maghfirah dumateng kita sedaya. Amin,
amin, Yaa robbal'aalamiin.

Mekaten ingkang saget kawulo derekaken, nyuwun agunging sih samudra pangaksami,
kawulo saderma manungso limrah kapanggon lepat lan kekirangan.

Ing Wasana, Wabilahittaufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum warahmatullahi
wabarakatuh.

Berikut diatas contoh teks ikrar hala bi halal bahasa jawa yang simpel dan mudah dihafalkan, semoga bermanfaat.***

Editor: Fajar Sidik Nur Cahyo

Sumber: Berbagai Sumber

Tags

Terkini

Terpopuler