Download Contoh Teks Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa Menarik dan Mudah Dihafalkan

- 15 April 2024, 10:30 WIB
Ilustrasi - Download contoh teks ikrar halal bi halal bahasa jawa
Ilustrasi - Download contoh teks ikrar halal bi halal bahasa jawa /lumn/pexels

Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa 1

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
 
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.
 
Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.
 
Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.
 
Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.
 
Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

 
Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.
Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.
 
Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.
 
Wabilahittaufiq wal hidayah
 
Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

 

Download Ikrar halal bi halal format doc disini: Link Download

Baca Juga: 5 Contoh Spanduk dan Banner Halal Bihalal Idul Fitri 1444 H yang Menarik dan Keren, Download Disini

Contoh Ikrar Halal bi Halal Bahasa Jawa 2

Assalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh

Ingkang kulo bakteni poro pinisepuh soho sesepuh wonten ing dusun ....... mriki, ugi  ingkang kulo hormati bapak ketua RT. Ingkang kula hormati bapak ibu ugi sedaya wargo dusun ....... ingkang sampun kapareng rawuh wonten ing dalu kalenggahan.

Kaperang kulo matur minongko sulih atur saking poro kaneman utawi ingkang kapernah anem .

Ngaturaken Ikrar Halal Bihalal wonten dalu puniki:

  • Ingkang sepisan ngaturaken sugeng ariyadi 1445 H dumateng para pinisepuh, bapak, ibu sedoyo. Minal Aidzin Wal Faidzin.
  • Ingkang angka kalih. Ngaturaken sedoyo kalepatan kula lan rencang-rencang ingkang dipun sengaja menopo boten dipun sengaja. Lahir punopo Batin, anggen kula lan rencang-rencang sesrawungan.
  • Ingkang punika kula lan rencang-rencang tansah nyuwun pangapunten ingkang ageng dumateng bapak ibu sedayanipun.
  • Atur salajengipun kula lan rencang-rencangan kaneman tansah nyuwun donga pangestu, mugi-mugi punopo ingkang dados gegayuhan kula lan rencang-rencang saged kasembadan.
  • Mekaten lan sematen anggen saget kulo matur minangka sulih atur saking para kaneman wonten ing dusun mencon kulon. Katah lepat lan kekirangaanipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.

Download Ikrar halal bi halal format doc disini: Link Download

Baca Juga: Contoh Teks Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa Singkat Penuh Makna dan Mudah Dihafalkan

Halaman:

Editor: Fajar Sidik Nur Cahyo

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah