Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 79 80 81 Uji Kompetensi Wulangan 3 Kegiatan LENGKAP

1 Maret 2023, 22:39 WIB
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 79 80 81 Uji Kompetensi Wulangan 3 Kegiatan LENGKAP /pixabay.com/ mozlose_/

KILAS KLATEN - Kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 SMP halaman 79 80 81 Uji Kompetensi wulangan 3 kegiatan, wangun teks laporan kegiatan LENGKAP.

kegiatan, wangun teks pidato kegiatan merupakan salah satu materi yang wajib dipelajari oleh siswa kelas 9 SMP halaman 79 80 81 dalam mata pelajaran Bahasa Jawa.

Artikel dibawah ini akan membahas tentang soal dan Kunci jawaban Bahasa Jawa halaman 79 80 81 Uji Kompetensi wulangan 3 kelas 9 ini sebagai opsi membantu belajar siswa SMP dalam mengerjakan soal Uji Kompetensi wulangan.

Baca Juga: Kunci Jawaban Seni Budaya Kelas 9 Halaman 225 Uji Kompetensi Lengkap, Bab 13 Pola Lantai Gerak Tari Kreasi

Dilansir dari buku Bahasa Jawa kelas 9 SMP yang di terbitan Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Kunci Jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 79 80 81 Uji Kompetensi wulangan 3 Lengkap

Uji Kompetensi wulangan 3

1. Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung, diarani ….

a. Salam Pambuka
b. Purwaka
c. Isi
d. Pangarep-arep
Jawaban: b. Purwaka

2. Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken.

Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan ana ing perangan … .

a. Panutup
b. Pangarep-arep
c. Wigatining pidhato
d. Purwaka
Jawaban: b. Pangarep-arep

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 138 139 140 Uji Kompetensi Wulangan 5 Teks Laporan Kegiatan LENGKAP

3. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ….

a. resmi
b. ora resmi
c. setengah resmi
d. guyonan
Jawaban: a. resmi

4. Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng risang temanten kekalih. Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang sampun manjing gapuraning plataran.

Pethikan ing dhuwur iku pethikan pangandikane wong kang lagi ngayahi … 

a. pranatacara
b. pidhato
c. ceramah agama
d. pahargyan
Jawaban: a. pranatacara

5. Basa kang digunakake dening pranatacara/pambyawara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa ….

a. basa krama inggil
b. basa ngoko alus
c. basa mataraman
d. basa rinengga
Jawaban: d. basa rinengga

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 141 142 143 144145 146 Latihan Ulangan Semester Genap LENGKAP

6. Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.

Tembung jumeneng ana ing ukara iku nduweni teges ….

a. sumadya
b. lungguh
c. ngadeg
d. mlaku
Jawaban: c. ngadeg

7. Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman.

Tembung gangsa ana ing ukara iku nduweni teges ….

a. panganan
b. manuk
c. gamelan
d. jago kluruk
Jawaban: c. gamelan

8. Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun

Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ….

a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup
Jawaban: d. Panutup

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 146 147 Latihan Ulangan Semester Genap Esai LENGKAP

9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….

a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup
Jawaban: c. pangarep-arep

10. Ing ngisor iki mujudake perangane purwaka ana ing pakaryane pranatacara/pambyawara, kejaba ….

a. Ngaturake reroncening adicara
b. Asung pakurmatan marang para tamu.
c. Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan.
d. Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Jawaban: c. Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan.

B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis!

1. Apa sing kokngerteni ngenani pidhato?

Pembahasan:

Pidhato yaiku omongan utawa ucapan sing ditata kanthi apik lan diomongke marang wong liya. Pidhato uga bisa duwe teges lelaku uwong  kang lagi menehi informasi utawa ajakan kanggo uwong uwong kang ngrungokakke supaya ngelakkoke apa sing diomongke marang uwong sing lagi pidhato mau. Pidhato uga bisa diarani sesorah utawa tanggap wacana.

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 118 119 120 Uji Kompetensi Wulangan 4 Gotong Royong LENGKAP

2. Apa sing kokngerteni ngenani pranatacara?

Pembahasan:

Pranata cara yaiku paraga utawa wong kang nduweni tugas kanggo nata lan nglantarake suatu acara utawa adicara. Pranata cara uga dikenal Master of Ceremony utawa MC, pembawa acara pranata adicara, pambiwara, paniti laksita, lan akeh sebutan liya.

3. Apa bedane antarane pidhato karo pranatacara?

Pembahasan:

Pranata cara yaiku paraga utawa wong kang nduweni tugas kanggo nata lan nglantarake suatu acara utawa adicara. Pranata cara uga dikenal Master of Ceremony utawa MC, pembawa acara pranata adicara, pambiwara, paniti laksita, lan akeh sebutan liya.

Pidhato yaiku omongan utawa ucapan sing ditata kanthi apik lan diomongke marang wong liya. Pidhato uga bisa duwe teges lelaku uwong  kang lagi menehi informasi utawa ajakan kanggo uwong uwong kang ngrungokakke supaya ngelakkoke apa sing diomongke marang uwong sing lagi pidhato mau. Pidhato uga bisa diarani sesorah utawa tanggap wacana.

4. Ukara punggelan saka ngendikane pranatacara ing ngisor iki owahana dadi basa padinan kang kokanggo!

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana.

Pembahasan:

“binarung sawarning pradangga” basa padinane yaiku “kairing swaraning gamelan. ” hangrangin hambabar ketawang puspawarna” basa padinane yaiku “sayup krungu nggaung ing angkasa/langit”, ” ana ganda hangambar arum katiyubing samirana” basa padinane yaiku “ana ambu wangi sing kegawa angin”

Dadi ukara kabeh mau yaiku katentreman ati kang digambarake kanthi swara gamelan lan ambu sing wangi

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 118 119 120 Uji Kompetensi Wulangan 4 Gotong Royong LENGKAP

5.Tulisen nganggo aksara Jawa kanthi migatekake tata tulis aksara Jawa!

Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenegan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos

Pembahasan:

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 79 80 81 Uji Kompetensi Wulangan 3 Kegiatan LENGKAP

Demikian pembahasan mengenai kunci jawaban soal dari Bahasa Jawa kelas 9 halaman 79 80 81 Uji Kompetensi Wulangan 3. Seperti itulah sedikit pembahasan Semoga dapat dijadikan referensi dan menambah ilmu kita.

Disclaimer: artikel soal dan kunci jawaban ini hanya untuk membantu siswa SMP belajar Bahasa Jawa. Kebenaran kunci jawaban ini tidak mutlak, sehingga tidak menutup kemungkinan ada jawaban lainnya.***

Editor: Fajar Sidik Nur Cahyo

Sumber: Buku.kemdikbud.go.id

Tags

Terkini

Terpopuler